Thursday 1 September 2016

Khutbah Boso Jawi: Empat Pesan Nabi untuk Abu Dzar Al-Ghifari

Empat Nasehat Nabi untuk Abu Dzar AL-Ghifari dan Kita Semua

الحمد لله, ‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ, الذي انعم علينا بنعمة الإسلام  اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ البشير النذير, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وباك عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا أَيُّهَا المسلم، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن الا و انتم مسلمون، وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, وهو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Monggo kito sami-sami ningkataken taqwallah kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah,  امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Sebab kelawan taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT. Wonten ndunyo lan wonten akhirat, kados dawuihipun Allah SWT,
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh

Rasulullah SAW dawuh:
اتق الله حيثما كنت واتبع السيئة الحسنة تمحها وخالق الناس بخلق حسن
Artosipun: Taqwao siro kabeh marang gusti Allah nang ndi wae panggonan. Lan iringono perbuatan awon kelawan perbuatan apik, sahinggo perbuatan elek iku biso terhapus. Lan sesrawungano siro kabeh marang menungso kelawan akhlak ingkang bagus.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing ndalem zamane Rasulullah SAW., wonten setungglipun sahabat Nabi ingkang paring asmo “Abu Dzar Al Ghifari”. Setungglipun wekdal, Rasulullah Muhammad SAW paring washiyat dateng sahabat Abu Dzar Al Ghifari, kados ingkang sampun dipun tulis wonten kitab “Nashoihul Ibad”:

يَا أَبَا ذَرٍّ، جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ، وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ، وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ، وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقَدَ بَصِيْرٌ

Artosipun: “"Hai Abu Dzar, anyarno prahumu kerono sak temene laut iku jero; nggowoho siro sangu kang cukup kerono sak temene perjalananmu iku adoh; kurangono beban gawananmu kerono sak temene lereng bukit iku angel diliwati, lan ikhlas-o siro nglakoni amal kerono sak temene Gusti Allah iku Maha Teliti."

Pesenipun Kanjeng Nabi ing ndalem hadits meniko dipun sampe’-aken ing ndalem bahasa kiasan ingkang jero sanget makna-ipun. Ingkang isi-nipun mboten namung dipuntuju-aken dateng shahabat Abu Dzar, nanging dateng sedoyo umat Islam secara umum sepanjang zaman. Pesen-pesene Rasulullah SAW. meniko mengandung arti antawisipun:
Nomer setunggal: Perintah memperbaharui perahu meniko mengandung arti tajdidun niyyah, utawi memperbarui niat. Niat meniko merupakan hal pokok ing ndalem sakben-sakben perbuatan. Perumpama’anipun, sak derenge kito numpak kendara’an, kito kedah masti-aken kendaraan meniko dalam keadaan siap, aman, lan mesinipun berfungsi kelawan sae. Semanten ugi hubunganipun niat kalian amal perbuatan kito. Naliko kito bade ngelampai setunggalipun perkawis, monggo kito toto niat kito kelawan sae.  Pun ngantos naliko kito nglampai shalat Jum’at kados dinten meniko, kito namung berniat menggugurkan kewajiban. Pun ngantos nggadai niat pados lem-e menungso, nanging kito kedah nggadai niat pados ridha-ne Gusti Allah. Sahinggo, kito saget fokus marang tujuan kito beribadah marang Allah SWT. Rasulullah SAW dawuh:
إنما الأعمال بالنيات، وإنما لكل امرئ ما نوى
Artosipun: "Sak temene sakben-sakben amalan niku tergantung marang niat-ipun. Lan sakben-sakben tiang pikantuk ganjaran sesuai kelawan niat-ipun"
Dawuhe poro ulama wonten ing ndaleme kitab Ta’limul muta’allim dipun sebutaken:
كم من عمل يتصور بصورة اعمال الدنيا ويصير بحسن النية من اعمال الاخرة
كم من عمل يتصور بصورة اعمال الاخرة ثم يصير من اعمال الدنيا بسوء النية

Artosipun: Katah sanget perbuatan ingkang arupi perbuatan ndunyo saget dados amalan akhirat kelawan sebab baguse niat, dan katah perbuatan ingkang arupi perbuatan akhirat nanging malah dados amalan ndunyo disebabaken awone niat.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ingkang nomer kalih: Rasulullah SAW. ngimutaken “وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ “ supados kito nglumpu’aken sangu keranten perjalanan kito tasik panjang. Ingkang dimaksud pernajalanan meniko nggeh niku perjalanan akhirat. Nalikane wonten ing akhirat, kito sampun mboten saget nambahi amal sae. Milo soko niku kito kedah nglumpu’aken sangu naliko kito tasih gesang wonten ndunyo. Rasulullah SAW dawuh:
فَإِنَّ الدُّنْيَا بَلاَغٌ إِلَى الْآخِرَةِ 
Artosipun: Lan Sak temene ndunyo iku dalan menuju akhirat.
Mumpung kito tasih gesang, tasik sehat, monggo kito manfa’aataken waktu kito, kesehatan kito, kangge ngatah-ngatahaken sangu akhirat, baik arupi ibadah mahdhah lan ibadah ghairu mahdhah. Kito katah-katahaken shalat, dzikir, istighfar, shadaqah, berbuat sae marang tonggo lan lintu-lintunipun. Keranten mangke ten akhirat, tiang ingkang sampun sedo meniko,  ingkang amal saene kirang bakal getun, lan tiang meniko kepingin mbalek male diuripaken wonten ndunyo supados saget nglampahi kesaenan. Ing ndalem Al Qur-an dipun gambaraken keluh kesah e tiang meniko:
وَهُمْ يَصْطَرِخُونَ فِيهَا رَبَّنَا أَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ
Artosiun: “"Hei Pengeran kito, njenengan dalaken kito saking neroko niki, supados kito saget nglampai amal saleh ingkang mboten kito lampai sak derenge"

Cakupan amal sae meniko katah sanget. Mboten namung ibadah ingkang bersifat ritual-ke mawon. Amal sae saget arupi menyantuni anak-anak yatim lan tiang faqir miskin, menyayangi binatang, menjaga kebersiahan lingkungan, membuang sampah pada tempatnya, lan sak lintu-lintune. Sedoyo meniko saget dados sangu kita mangke wonten akhirat yen dipun landasi kelawan niat ingkang sae lan ikhlas.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Nasihat ingkang nomer tigo: nggeh meniko “وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ, perintah nginganaken beban gawanan keranten perjalanan melewati lereng bukit niku ewet dipunlampai. Hal meniko mengandung makna kiasan bilih kito sampun ngantos terlena dengan kehidupan dunia. Keranten kehidupan duniawi meniko mboten wonten telase yen kito kejar-kejar terus. Allah SWT dawuh:
ولا تغرنكم الحياة الدنيا ولا يغرنكم بالله الغرور
Artosipun: mongko ojo sampe pisan-pisan siro kabeh terperdaya kehidupan ndunyo, lan ojo sampek siro lali ing ndalem taat marang Allah.
Milo soko niku, kito kedah nyeimbangaken antawisipun kebutuhan ndunyo lan akhirat. Pun ngantos kito namung ngejar-ngejar nduyo lan supe akhirat, lan pun ngantos kito ngejar-ngejar akhirat lan ninggalaken urusan ndunyo. Dawuhipun Allah:

وابتغ فيما آتاك الله الدار الآخرة ولا تنس نصيبك من الدنيا

Artosipun: “Lan nyuprih-o siro opo kang wis diparingno dining Gusti Allah marang siro arupi omah akhirat, lan siro ojo lali bagian siro arupi kehidupan ndunyo.” (al-Qashash ayat 77)
Ingkang terakhir, washiyate kanjeng nabi dateng Abu Dzar nggeh meniko وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقَدَ بَصِيْرٌ, ikhlas-o siro nglakoni amal kerono sak temene Gusti Allah iku Maha Teliti. Ikhlas meniko ruh-ipun amal keranten Allah naming nrami amal perbuatan ingkang ikhlas. Dawuhipun Allah ing ndalem Al Qur’an:
وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حنفاء
Artosipun: Menungso iku ora dipun perintah kejobo nyembah marang Gusti Allah kelawan ngikhlas-no ketaatan marang Allah ing ndalem  nglampai agamo kang lurus.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mekaten khutbah ingkang saget kulo aturaken. Mugi-mugi ingkang sekedik meniko saget paring guno lan manfaat kangge kito sedoyo. Akhirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi rahmat lan hidayah kangge kito sedoyo, sahinggo kito saget istiqomah nglampahi amal kesaenan lan nebihi perbuatan awon, sahinggo kito sedoyo saget pikantuk husnul khotimah.

عوذ بالله من الشيطان الرجيم: والعصر إن الإنسان لفي خسر إلا الذين آمنوا وعملوا الصالحات وتواصوا بالحق وتواصوا بالصبر
 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ سيدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء, والبلاء, والوباء, والفحشاء, وسوءَ الفتن ماظهر منها وما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

Khutbah Bahasa Jawa: Peringatan Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia 17 Agustus

Image result for bendera merah putih

الحمد لله, ‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ, الذي انعم علينا بنعمة الإسلام  اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ البشير النذير, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وباك عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا أَيُّهَا المسلم، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن الا و انتم مسلمون، وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, وهو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Monggo kito sami-sami ningkataken taqwallah kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah,  امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Sebab kelawan taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT. Wonten ndunyo lan wonten akhirat, kados dawuihipun Allah SWT,
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sampun katah sanget nikmat ingkang dipunparingaken Allah SWT marang kito bangsa Indonesia. Salah setunggalipun nggeh meniko nikmat kemerdekaan. Kemerdekaan meniko kedah kito syukuri sebab kito sak meniko saget dados bangsa ingkang bermartabat lan terhormat. Proklamasi 17 Agustus 1945 meniko merupakan peristiwa bersejarah penting kangge bangsa Indonesia. Wonten dinten meniko, kito merayakan kemenangan lan kemerdekaan sak mantune kito dipunjajah, dipuntindas, dipun eksploitasi dining poro penjajah asing. Milo soko niku, sampun dados susuatu ingkang wajar bilih kito sakben tanggal 17 Agustus merayakan kemerdekaan kelawan rasa syukur ing atase rahmat terbesar ingkang sampun dipun paringaken dining Allah SWT marang kito bongso Indonesia.
Dos pundi carane kito bersyukur ing atase nikmat kemerdekaan meniko? Poro ulama mendefinisikan syukur:
صَرَفَ اْلعَبْدِ جَمِيْعَ مَا أَنْعَمَ اللهُ بِهِ عَلَيْهِ إٍلَى مَا خَلَقَ لِأَجْلِهِ
Syukur merupakan sedoyo bentuk aktivitas hamba dalam rangka memanfa’ataken sedoyo nikmat saking Allah SWT menuju tujuan menungso meniko dipuncipta’aken, nggeh meniko beribadah marang kepada Allah Swt

Jama’ah Jumah ingkang dipun mulya’aken Allah,
Sak ben tahun kito nglaksana’aken perayaan kemerdekaan. Nanging, merayakan kemerdekaan meniko kedah menggunakan cara-cara ingkang cerdas, ingkang sesuai kalian nilai-nilai agama, pun ngantos merayakan kemerdekaan meniko kelawan hal-hal ingkang bertentangan kelawan ajaran Islam. Alhamdulillah..kito sampun secara rutin maos tahlil lan ndunga’aken pahlawan-pahlawan muslim lan poro ulama ingkang syahid demi kemerdekaan Indonesia. Hal meniko perlu dipunterusaken lan dipunjadi.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sejatosipun, agami Islam meniko lahir kelawan mbeto misi kemerdekaan lan kebebasan, nggeh meniko tahrirul ‘ibad min ibaadatil ibaad ilaa ibaadati rabbil ibad“, mbebasaken menungso saking penghambaan, belenggu, lan ketergantungan marang sesami menungso menuju penghambaan lan pengabdian penuh marang Allah, Pengeran kang nyipta’aken sedoyo makhluk ten nduyo niki. Allah SWT dawuh
الر ۚ كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ إِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِ رَبِّهِمْ إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ
Alif, laam raa. (yo iki) kitab kang wis kito turunno marang siro kabeh supoto siro ngetokno menungso soko kegelapan menuju cahaya terang benderang kelawan izine Gusti Allah, menuju dalane Pengeran ingkang maho perkaso lan maho terpuji” (QS. Ibrahim ayat 1).”

Pembebasan lan Kebebasan ingkang dipun maksud meniko mboten namung bebas secara politik lan militer saking penjajah, nanging kebebasan saking nopo kemawon arupi ketergantungan marang liyane Allah. SWT.
·         Nomer setunggal, kito kedah bebas saking belenggu hawa nafsu, ingkang seringkali njrumusaken kito marang sifat hewaniyah. Allah SWT dawuh ing ndalem Al-Quran:
وما أبرئ نفسي إن النفس لأمارة بالسوء إلا ما رحم ربي إن ربي غفور رحيم.
Lan aku ora membebaskan awakku (saking kesalahan), sebab sak temene nafsu iku mesti ngajak marang keelekan, kejobo nafsu kang dirahmati dining Pengeranku. Sak temene Pengeranku Moho Pengampun lan Moho Penyayang “ (Yusuf 53).

Milo soko niku, kito kedah membebaskan diri kito saking belenggu nafsu, sebab tiang ingkang terbelenggu hawa nafsu meniko dipunbenci dining Allah SWT. Dawuhipun Allah:
أَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ أَفَأَنْتَ تَكُونُ عَلَيْهِ وَكِيلًا
Terangno marang ingsun wong-wong kang mempertuhankan hawa nafsune. Moko opo siro biso dadi pelindunge?
·         Nomer kale, kito kedah bebas saking belenggu akhlak madzmumah, utawi akhlak tercela. Sak meniko, masyarakat kito sedang mengalami krisis moral. Contohipun, katah sanget tiang ingkang mboten saget melaksanakan amanat sahinggo praktek korupsi merajalela, ingkang nglampai mboten tanggung-tanggung, milai tingkat bawah ngantos pejabat. Hal meniko terjadi sebab kurangipun kesadaran terhadap makna perjuangan. Padahal, poro pahlawan lan poro ulama kito rela berkorban  jiwa dan raga demi kemaslahatan umat. Dawuhipun Allah ing ndalem surah al-Hasyr:
ويؤثرون على انفسهم ولو كان بهم خصاصة
“Lan wong-wong iku luwih ngutamakno wong liyo tinimbang awak’e dewe, masio wong-wong iku keada’ane susah lan kangelan.
Prinsip meniko ingkang dados pegangan hidup poro pahlawan lan ulama pra kemerdekaan Republik Indonesia. Prinsip meniko kedah kito tanamakan ing ndalem diri kito. Kito kedah mengutamakan tiang lintu lan kepentingan umum tinimbang kepentingan pribadi kito.
·         Ingkang nomer tigo, kito kedah merdeka saking pengaruh budaya hedonis ingkang mengarah dateng kemaksiyatan lan kenikmatan duniawi semata, nggeh meniko budaya bebas lan serba boleh. Contohnipun, ten masyarakat kito katah sanget tiang ingkang dereng saget menutup auratipun kelawan sae. Katah sanget anggota keluarga perempuan kito ingkang tasih mengenakan pakaian ingkang mboten syar’i, ndamel celana pensil, baju ketat, lan lintu-lintunipun. ingkang tasih menampakkan aurat. Tasih wonten pesta minuman keras, padahal sedoyo sampun pirso minuman keras meniko hukumipun haram. Hal meniko kedah kito rubah. Kito kedah njagi keluarga kito. Kito kedah paring peringatan marang tiang ingkang berbuat maksiyat, supados tiang meniko purun kembali ke jalan yang benar. Dawuhipun Allah:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا ( التحريم: 6)
“Hei wong-wong kang podo iman, reksoen awakmu lan keluargamu soko geni neraka
·         Ingkang terahir, kito kedah bebas saking praktek syirikan utawi nyekutu’aken gusti Allah. Syirik nggeh meniko ibadah marang dzat sak lintune Gusti Allah lan meyakini wonten dzat lintu kejobo Gusti Allah ingkang saget paring kemanfaatan lan kemudharatan, misalipun ndamel sesajen, ngundang syetan, lan moro ten dukun. Kanjeng Nabi dawuh:
مَنْ مَاتَ يُشْرِكُ بِاللَّهِ شَيْئًا دَخَلَ النَّارَ وَقُلْتُ أَنَا مَنْ مَاتَ لَا يُشْرِكُ بِاللَّهِ شَيْئًا دَخَلَ الْجَنَّةَ
"sapane wong kang mati nyekuto’no gusti Allah marang suwiji-wiji , moko wong iku pasti bakal mlebu neraka". "Lan sapane wong kang mati ora nyekuto’no Allah marang suwiji-wiji maka wong iku pasti bakal mlebu swargo". (H.R. Bukhari)
Rasulullah SAW ugi dawuh,
مَنْ أَتَى عَرَّافًا فَسَأَلَهُ عَنْ شَيْءٍ لَمْ تُقْبَلْ لَهُ صَلَاةٌ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً
Rasulullah SAW dawuh,"sapane wong kang moro marang dukun, banjur wong iku takon marang suwijine perkoro, moko shalate wong iku ora diterimo suwene petang puluh wengi(HR Muslim 7/37)

Mekaten khutbah ingkang saget kulo aturaken. Mugi-mugi ingkang sekedik meniko saget paring guno lan manfaat kangge kito sedoyo. Akhirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi rahmat lan hidayah kangge kito sedoyo, sahinggo kito saget istiqomah nglampahi amal kesaenan lan nebihi perbuatan awon, sahinggo kito sedoyo saget pikantuk husnul khotimah.

عوذ بالله من الشيطان الرجيم: وسارعوا الى مغفرة من ربكم وجنة عرضها السموات والارض اعدت للمتقين
 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah Kedua

قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.