Thursday 1 September 2016

Khutbah Boso Jawi: Empat Pesan Nabi untuk Abu Dzar Al-Ghifari


Empat Nasehat Nabi untuk Abu Dzar AL-Ghifari dan Kita Semua

الحمد لله, ‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ, الذي انعم علينا بنعمة الإسلام  اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ البشير النذير, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وباك عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا أَيُّهَا المسلم، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن الا و انتم مسلمون، وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, وهو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Monggo kito sami-sami ningkataken taqwallah kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah,  امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Sebab kelawan taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT. Wonten ndunyo lan wonten akhirat, kados dawuihipun Allah SWT,
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh

Rasulullah SAW dawuh:
اتق الله حيثما كنت واتبع السيئة الحسنة تمحها وخالق الناس بخلق حسن
Artosipun: Taqwao siro kabeh marang gusti Allah nang ndi wae panggonan. Lan iringono perbuatan awon kelawan perbuatan apik, sahinggo perbuatan elek iku biso terhapus. Lan sesrawungano siro kabeh marang menungso kelawan akhlak ingkang bagus.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing ndalem zamane Rasulullah SAW., wonten setungglipun sahabat Nabi ingkang paring asmo “Abu Dzar Al Ghifari”. Setungglipun wekdal, Rasulullah Muhammad SAW paring washiyat dateng sahabat Abu Dzar Al Ghifari, kados ingkang sampun dipun tulis wonten kitab “Nashoihul Ibad”:

يَا أَبَا ذَرٍّ، جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ، وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ، وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ، وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقَدَ بَصِيْرٌ

Artosipun: “"Hai Abu Dzar, anyarno prahumu kerono sak temene laut iku jero; nggowoho siro sangu kang cukup kerono sak temene perjalananmu iku adoh; kurangono beban gawananmu kerono sak temene lereng bukit iku angel diliwati, lan ikhlas-o siro nglakoni amal kerono sak temene Gusti Allah iku Maha Teliti."

Pesenipun Kanjeng Nabi ing ndalem hadits meniko dipun sampe’-aken ing ndalem bahasa kiasan ingkang jero sanget makna-ipun. Ingkang isi-nipun mboten namung dipuntuju-aken dateng shahabat Abu Dzar, nanging dateng sedoyo umat Islam secara umum sepanjang zaman. Pesen-pesene Rasulullah SAW. meniko mengandung arti antawisipun:
Nomer setunggal: Perintah memperbaharui perahu meniko mengandung arti tajdidun niyyah, utawi memperbarui niat. Niat meniko merupakan hal pokok ing ndalem sakben-sakben perbuatan. Perumpama’anipun, sak derenge kito numpak kendara’an, kito kedah masti-aken kendaraan meniko dalam keadaan siap, aman, lan mesinipun berfungsi kelawan sae. Semanten ugi hubunganipun niat kalian amal perbuatan kito. Naliko kito bade ngelampai setunggalipun perkawis, monggo kito toto niat kito kelawan sae.  Pun ngantos naliko kito nglampai shalat Jum’at kados dinten meniko, kito namung berniat menggugurkan kewajiban. Pun ngantos nggadai niat pados lem-e menungso, nanging kito kedah nggadai niat pados ridha-ne Gusti Allah. Sahinggo, kito saget fokus marang tujuan kito beribadah marang Allah SWT. Rasulullah SAW dawuh:
إنما الأعمال بالنيات، وإنما لكل امرئ ما نوى
Artosipun: "Sak temene sakben-sakben amalan niku tergantung marang niat-ipun. Lan sakben-sakben tiang pikantuk ganjaran sesuai kelawan niat-ipun"
Dawuhe poro ulama wonten ing ndaleme kitab Ta’limul muta’allim dipun sebutaken:
كم من عمل يتصور بصورة اعمال الدنيا ويصير بحسن النية من اعمال الاخرة
كم من عمل يتصور بصورة اعمال الاخرة ثم يصير من اعمال الدنيا بسوء النية

Artosipun: Katah sanget perbuatan ingkang arupi perbuatan ndunyo saget dados amalan akhirat kelawan sebab baguse niat, dan katah perbuatan ingkang arupi perbuatan akhirat nanging malah dados amalan ndunyo disebabaken awone niat.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ingkang nomer kalih: Rasulullah SAW. ngimutaken “وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ “ supados kito nglumpu’aken sangu keranten perjalanan kito tasik panjang. Ingkang dimaksud pernajalanan meniko nggeh niku perjalanan akhirat. Nalikane wonten ing akhirat, kito sampun mboten saget nambahi amal sae. Milo soko niku kito kedah nglumpu’aken sangu naliko kito tasih gesang wonten ndunyo. Rasulullah SAW dawuh:
فَإِنَّ الدُّنْيَا بَلاَغٌ إِلَى الْآخِرَةِ 
Artosipun: Lan Sak temene ndunyo iku dalan menuju akhirat.
Mumpung kito tasih gesang, tasik sehat, monggo kito manfa’aataken waktu kito, kesehatan kito, kangge ngatah-ngatahaken sangu akhirat, baik arupi ibadah mahdhah lan ibadah ghairu mahdhah. Kito katah-katahaken shalat, dzikir, istighfar, shadaqah, berbuat sae marang tonggo lan lintu-lintunipun. Keranten mangke ten akhirat, tiang ingkang sampun sedo meniko,  ingkang amal saene kirang bakal getun, lan tiang meniko kepingin mbalek male diuripaken wonten ndunyo supados saget nglampahi kesaenan. Ing ndalem Al Qur-an dipun gambaraken keluh kesah e tiang meniko:
وَهُمْ يَصْطَرِخُونَ فِيهَا رَبَّنَا أَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ
Artosiun: “"Hei Pengeran kito, njenengan dalaken kito saking neroko niki, supados kito saget nglampai amal saleh ingkang mboten kito lampai sak derenge"

Cakupan amal sae meniko katah sanget. Mboten namung ibadah ingkang bersifat ritual-ke mawon. Amal sae saget arupi menyantuni anak-anak yatim lan tiang faqir miskin, menyayangi binatang, menjaga kebersiahan lingkungan, membuang sampah pada tempatnya, lan sak lintu-lintune. Sedoyo meniko saget dados sangu kita mangke wonten akhirat yen dipun landasi kelawan niat ingkang sae lan ikhlas.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Nasihat ingkang nomer tigo: nggeh meniko “وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ, perintah nginganaken beban gawanan keranten perjalanan melewati lereng bukit niku ewet dipunlampai. Hal meniko mengandung makna kiasan bilih kito sampun ngantos terlena dengan kehidupan dunia. Keranten kehidupan duniawi meniko mboten wonten telase yen kito kejar-kejar terus. Allah SWT dawuh:
ولا تغرنكم الحياة الدنيا ولا يغرنكم بالله الغرور
Artosipun: mongko ojo sampe pisan-pisan siro kabeh terperdaya kehidupan ndunyo, lan ojo sampek siro lali ing ndalem taat marang Allah.
Milo soko niku, kito kedah nyeimbangaken antawisipun kebutuhan ndunyo lan akhirat. Pun ngantos kito namung ngejar-ngejar nduyo lan supe akhirat, lan pun ngantos kito ngejar-ngejar akhirat lan ninggalaken urusan ndunyo. Dawuhipun Allah:

وابتغ فيما آتاك الله الدار الآخرة ولا تنس نصيبك من الدنيا


Artosipun: “Lan nyuprih-o siro opo kang wis diparingno dining Gusti Allah marang siro arupi omah akhirat, lan siro ojo lali bagian siro arupi kehidupan ndunyo.” (al-Qashash ayat 77)
Ingkang terakhir, washiyate kanjeng nabi dateng Abu Dzar nggeh meniko وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقَدَ بَصِيْرٌ, ikhlas-o siro nglakoni amal kerono sak temene Gusti Allah iku Maha Teliti. Ikhlas meniko ruh-ipun amal keranten Allah naming nrami amal perbuatan ingkang ikhlas. Dawuhipun Allah ing ndalem Al Qur’an:
وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حنفاء
Artosipun: Menungso iku ora dipun perintah kejobo nyembah marang Gusti Allah kelawan ngikhlas-no ketaatan marang Allah ing ndalem  nglampai agamo kang lurus.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mekaten khutbah ingkang saget kulo aturaken. Mugi-mugi ingkang sekedik meniko saget paring guno lan manfaat kangge kito sedoyo. Akhirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi rahmat lan hidayah kangge kito sedoyo, sahinggo kito saget istiqomah nglampahi amal kesaenan lan nebihi perbuatan awon, sahinggo kito sedoyo saget pikantuk husnul khotimah.

عوذ بالله من الشيطان الرجيم: والعصر إن الإنسان لفي خسر إلا الذين آمنوا وعملوا الصالحات وتواصوا بالحق وتواصوا بالصبر
 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ سيدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء, والبلاء, والوباء, والفحشاء, وسوءَ الفتن ماظهر منها وما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

3 comments:

  1. Harrah's New Orleans Casino and Hotel - jtmhub.com
    The hotel is located 과천 출장안마 in the historic French Quarter 안양 출장마사지 on 김포 출장샵 a river. The 세종특별자치 출장안마 hotel has rooms with marble 남원 출장샵 floors with floor-to-ceiling windows,

    ReplyDelete