Thursday 14 April 2016

Khutbah Bahasa Jawa: Bersyukur kepada Allah



الحمد لله, ‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ, الذي انعم علينا بنعمة الإسلام  اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ البشير النذير, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وباك عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا أَيُّهَا المسلم، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن الا و انتم مسلمون، وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, وهو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, pertama, kulo senantiasa ngajak dateng penjenengan sedoyo lan khususipun awak kulo piyambak, monggo sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah,  امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranten kalian taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT., kados dawuihipun Allah SWT,
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh
Ugi, jalaran taqwa meniko, insyaallah Allah bade maringi rizki marang kito dateng kito sedoyo saking dalan ingkang mboten disongko-songko, lan ndade’ake gampil urusan kito. Dawuhe Allah SWT:
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ‏‏]وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ[
Artosipun:
Sapane wong kang taqwa marang Allah SWT, mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan ingkang gampang, lan bakal ngawehi rizki soko arah kang ora den songko-songko.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Menungso meniko merupakan makhluk e pun Gusti Allah ingkang paling mulyo di antara makhluk-makhluk lintu. Kemuliyaan meniko keranten menungso dipun paring Allah kelebihan. Salah setunggalipun nggeh meniko arupi akal lan pikiran. Kelawan akal lan pikiran meniko, kito saget mempelajari berbagai ilmu. Kito ugi pikantuk bekal arupi ajaran agomo, sehinggo kito saget mbeda’aken pundi ingkang sae lan awon lan pundi ingkang haram lan halal. Allah SWT. Ugi sampun nyipta’aken bumi lan sak isine meniko kangge menungso, lan nyediaaken sedoyo kebutuhanipun arupi tumbuh-tumbuhan, air, buah-buahan, binatang ternak, kendaraan lan sak lintu-lintunipun arupi rizki ingkang katah sanget. Ngantos yen kito sedoyo bade ngitung ni’mat ingkang sampun dipun paringi dining Allah, niscaya kito mboten saget ngitung jumlahipun. Dawuhepun Allah:
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Artosipun: Yen siro ngitung-ngitung nikmat-e Allah, mongko siro ora bakal ngitung jumlah-e. Sak temene Allah zat kang Moho Paring Ampunan lan Moho Welas Asih.
Jalaran soko nikmat ingkang katah meniko, kito wajib bersyukur marang Allah SWT. Defini syukur nggeh meniko berterima kasih lan memuji marang Allah SWT, dzat ingkang sampun maringi sedoyo keni’matan. Bersyukur merupakan setunggalipun betuk ibadah marang Allah, lan syukur meniko sampun dados perintah saking Allah SWT. Syukur meniko kedah dipun lampai ngangge tigang perkawis: nggeh meniko ngangge manah, lisan, lan perbuatan.
Tiang ingkang bersyukur marang Allah atas kenikmatan ingkang sampun dipun trami kedah mengakui kenikmatan meniko ing ndalem manahipun, lajeng ngucapaken kalimat “Alhamdulillah” ingkang artosipun “sekabehane puji kedue Allah”, lajeng “tahaddats bi ni’mah” utawi mencerita’aken keni’matan meniko ten tiang lintu, tanpo sifat pamer. Bersyukur kelawan perbuatan nggeh miniko nggera’aken badanipun kangge luwih ta’at marang Allah SWT. Nglampai perintahipun lan nebihi awisanipun Allah SWT. Ugi berbagi sebagian saking ni’mat meniko kalian tiang ingkang mbutuh-aken.
Ing ndalem Al-Qur’an, Allah mrintahaken kito senantiasa bersyukur atas nikmat ingkang sampun dipun paringken. Dawuhipun Allah:
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم:  فاذكروني أذكركم واشكروني ولا تكفرون
Artosipun: Mongko soko iku, ilingo siro maang Aku (Allah), mongko Aku iling karo siro kabeh, lan syukur-o siro kabeh marang  Aku (Allah), lan ojo kufur marang nikmat-Ku.
Allah ugi dawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ وَاشْكُرُوا لِلَّهِ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
Artosipun: He wong-wong kang podo iman, mangan-o siro kabeh saking rezeki kang apik, kang wis den paringno marang siro kabeh, lan syukur-o marang Allah, yen siro kabeh temen-temen nyembah marang gusti Allah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah ugi negesaken bilih tiang ingkang bersyukur meniko sejatosipun mboten paring pengaruh nopo-nopo dateng Allah, keranten Allah maha kaya lan mboten butuh dateng makhluk-ipun. Nanging, akibat syukur meniko bakal wangsul dateng awak kito piyambak. Lan kosok wangsulipun, tiang ingkang mboten bersyukur mongko akibat-ipun wangsung dateng awak-ipun, arupi azab saking gusti Allah. Ing ndalem Al-Quran surah An-Naml ayat 40, Allah SWT dawuh:
 وَمَنْ شَكَرَ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ رَبِّي غَنِيٌّ كَرِيمٌ
Artosipun: Lan sapane wong kang gelem syukur moko sak temene dewe’e syukur kanggo keapikane awak’e dewe, lan sapane wong kang kufur, moko sak temene Pengeranku Allah Maha Sugih lan Maha Mulyo."
Syukur meniko merupakan sifat ingkang paling sae saking sifat-sifat sae lintune. Imam Al-Ghazali ing ndalem kitab-ipun ihya’ ulumuddin berpendapat bilih syukur meniko luwih utomo katimbang sabar, zuhud, lan sifat-sifat lintune. Imam al-Ghazali ngendiko:
1.      Tiang ingkang bersyukur meniko kedah nyumerapi lan mengakui nikmat saking Dzat pemberi ni’mat, nggeh meniko Allah SWT. Sedoyo nikmat ndugi saking Allah. Bilih wonten tiang ingkang menganggap wonten pihak lintu sak liyane gusti Allah ingkang paring nikmat, mongko syukuripun tiang niku mboten sempurno.
2.      Tiang ingkang mensyukuri nikmat-pun Allah meniko kedah dipun sertai kelawan tunduk marang Allah lan nge-gung-aken Allah. Contoh-ipun, tiang ingkang pikantuk nikmat sehat kedah memanfaataken kesehatan-ipun kangge beribadah marang Allah, nyambut damel ingkang halal sesuai kelawan keahlian masing-masing. Contoh lintu, nalikane kito pikantuk rizki saking Allah arupi bondo, hasil panen, lan lintu-lintunipun, mongko pun eman-eman ngedalaken zakate, sebagai bukti syukur kito.
3.      Kelawan nikmat ingkang kito terimo sakng Allah, mongko kito kedah mencintai Allah, lan pun ngantos durhaka marang Allah.
Hal meniko saget kito peroleh yen kito purun merenungkan hikmah saking nopo ingkang sampun dipun-cipta-aken Allah. Misalipun, kito nyumerapi bilih mripat utawi pengelihatan meniko merupakan nikmat ingkang ageng saking gusti Allah. Ten ndunyo niki katah tiang ingkang kurang beruntung keranten mboten saget ningali. Kito kedah ngguna-aken nikmat arupi pengelihatan meniko kangge maos Al-Qur’an, mempelajari ilmu pengetahuan, lan kangge kesaenan-kesaenan lintune. Lajeng, kito kedah menahan penglihatan kito saking barang-barang ma’siyat ingkan haram kados tontonan-tontonan ingkang merusak moral, tontonan ingkang mengarah dateng kemusyrikan, lan acara-acara televise ingkang mboten bermutu.

Lajeng, Tiang ingkang bersyukur marang Allah ugi kedah berterima kasih marang tiang lintu. Kito kedah ngucap-aken terima kasih marang tiang lintu ingkang sampun berbuat sae marang kito. Ing ndalem setunggalipun hadits, Rasulullah SAW. dawuh:
عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ عَنِ النَّبِىِّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَ « لاَ يَشْكُرُ اللَّهَ مَنْ لاَ يَشْكُرُ النَّاسَ ».
Artosipun: “Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu ngendiko, bilih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh: “Ora syukur marang Allah sapane wong kang orang syukur marang menungso liyo.” (HR. Abu Daud)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hikmah saking sifat syukur meniko katah sanget.
1.      Allah bakal nambahi nikmat dateng tiang ingkang purun bersyukur. Kosok wangsulipun, Allah bakal maringi azab ingkang pedih dateng tiang ingkang mboten purun bersyukur. Dawuhipun Allah:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لأزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Artosipun: Lan ilingo naliko Pengeranmu dawuh, yen siro kabeh syukur moko Aku bakal nambah-i nikmat iku kanggo siro kabeh, lan yen siro kufur, moko saktemene siksa-Ku pedih banget.” (QS. Ibrahim: 7)

2.      Allah sampun janji, bilih tiang ingkang syukur meniko bakal pikantuk walesan ingkang sae saing Allah SWT. Dawuhipun Allah:
وَسَيَجْزِي اللَّهُ الشَّاكِرِينَ
Artosipun: “... lan Allah bakal paring pinwales kang sae kanggo wong-wong kang podo syukur.”
3.      Tiang-tiang ingkang syukur meniko bakal pikantuk ganjaran suwargone Allah SWT. ingkang penuh kelawan kenikmatan. Milo soko niku, kito kedah bersyukur ing ndalem keadaan nopo-kemawon. Nalikane niko pikantuk kenikmatan, kito ucapaken “‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ”, artosipun “sekabehane puji kedue Allah, kelawan ni’mate sempurno piro-piro keapikan”, lan nalikane pikantuk mushibah, kito ucapaken “inna lillahi wa inna ilaihi raajiun” lajeng maos “alhamdulillahi ala kulli haal” artosipun “sekabehane puji kedue Allah, ing atas-e sakben-sakben perkoro”,
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah:
Kangge penutup khutbah, syukur meniko merupakan sifat mulia ingkang kedah kito biasa-aken, sahinggo saget dados karakter utawi kebiasaan kito. Kelawan sifat syukur meniko kito bakal pikantuk penghargaan saking Allah lan saking sesami menungso. Milo soko niku, monggo kito senantiasa bersyukur marang Allah SWT atas sedoyo nikmat-nikmat-ipun, lan berterima kasih marang sesame menungso ingkang sampun berbuat baik marang kito. Mugi-mugi Allah senantiasa maringi kito kekuatan lan hidayah, sehinggo kito saget dados tiang-tiang ingkang pandai bersyukur.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لأزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.



Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ سيدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. اللهم ثبت قلوبنا على دينك وطاعتك وشكرك وحسن عبادتك. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء, والبلاء, والوباء, والفحشاء, وسوءَ الفتن ماظهر منها وما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.


عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

Khutbah Bahasa Jawa: Mengingat Kematian


الحمد لله, الحمد لله الذي خلق الموت والحياة ليبلكم ايكم احسن عملا وهو العزيز الغفور. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا أَيُّهَا الحاضرون، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن الا و انتم مسلمون، وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, هو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, pertama, kulo senantiasa ngajak dateng penjenengan sedoyo lan khususipun awak kulo piyambak, monggo sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah,  امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranteng kalian taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT., kados dawuihipun Allah SWT,
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong-wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh
Ugi, jalaran kale taqwa meniko, insyaallah Allah bade maringi rizki marang kito dateng kito sedoyo saking dalan ingkang mboten disongko-songko, lan ndade’ake gampil urusan-urusan kito. Dawuhe Allah SWT:
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ‏‏]وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ[
Artosipun:
Sapane wong kang taqwa marang Allah SWT, mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan, lan bakal ngawehi rizki soko arah kang ora den nyono-nyono.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Tiang gesang ing alam ndunyo meniko dipun milai saking lahiripun tiang meniko ten alam ndunyo saking rahimipun ibu’e. Sak lajengipun, sak mantune gesang ing ndalem waktu ingkang sampun dipun tentu’aken kalian gusti Allah SWT., tiang meniko badhe manggihi setunggalipun peristiwa ingkang mboten saget dihindari, nggeh meniko PATI. Allah SWT dawuh:
كُلُّ نَفْسٍ ذَآئِقَةُ الْمَوْتِ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلاَّ مَتَاعُ الْغُرُورِ

Artosipun:
“Sakben-sakben kang ndueni jiwo bakal ngerasakno mati, lan sak temene ing dino Qiyamat bakal den sempurna’no ganjaran siro kabeh. Sapane wong kang den dohno saking geni neroko lan den lebokno suwargo, moko wong iku temen-temen oleh kabejan, lan sak temene urip ing ndunyo iki namung urip kang penuh tipu daya” (QS. Ali-Imran: 185)

Sebagai tiang ingkang nggadahi iman, nalikane menghayati ayat meniko, mongko kito bakal ajrih, ati kito bakal gemeter. Tiang ingkang supe saget kilingan, bilih kiambe’e pasti bakal menemui ajal, ingkang merupa’aken awal perjalanan menuju alam akhirat. Rasulullah SAW. dawuh:

إِنَّ الْقَبْرَ أَوَّلُ مَنْزِلٍ مِنْ مَنَازِلِ الْآخِرَةِ. فَإِنْ نَجَا مِنْهُ فَمَا بَعْدَهُ أَيْسَرُ مِنْهُ. وَإِنْ لَمْ يَنْجُ مِنْهُ فَمَا بَعْدَهُ أَشَدُّ مِنْهُ

Artosipun:
Kuburan meniko awalipun kehidupan akhirat. Sapane wong kang selamet saking alam qubur, moko uripe sak wise iku dadi luwih gampang. Nanging, yen dewek e ora iso selamet ing ndalem alam qubur, moko urip e bakal luwih sengsoro.

Milo soko niku, ten setunggalipun hadits dipun cerita’aken ingkang artosipun:

Rasulullah SAW. Dipun tanggleti “Ya Rasulallah, sinten niku tiang ingkang paling cerdas lan paling mulio ing ngarsane Allah? Rasulullah SAW. wangsuli: “Yo iku wong kang akeh-akeh iling marang mati lan wong kang paling keras usaha e nyiapno awak e ngadhepi kematian. Wong-wong iku klebu wong kang paling cerdas (HR. Ibn Majah).

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kematian meniko sesuatu hal ingkang ghoib, mboten wonten setunggalipun tiang ingkang semerap kapan dewe’e bakal sowan dateng ngarsane Allah SWT. kematian mboten mengenal usia nem utawi sepuh, tiang saras utawi sakit, tiang sugih utawi miskin, tiang sae nopo awon, tiang kang ibadahe katah nopo ibadahe kedhik, keranten kematian meniko dados rahasiaipun gusti Allah SWT. Sampun katah contoh: tiang ingkang tasik nem sampun kapundut, lan katah tiang kang umuripun sampun sepuuh tasik dipun paring sehat wal afiyat. Katah tiang ingkang sampun diganjar sakit dangu tapi dereng dipundhut, sebalikipun,  ugi katah tiang ingkang mboten mengalami sakit nopo-nopo, nanging sampun diaturi wangsul ing ngarsane Allah SWT. Allah SWT dawuh:
ولكل أمة أجل فإذا جاء أجلهم لا يستأخرون ساعة ولا يستقدمون
Ingkang artosipun:
“Sakben-sakben umat anduweni ajal, nalikane ajale wong iku wis teko, moko ora biso diundurno lan ora biso dimajuno barang sediluk.”

Artosipun, ajal meniko saget ndugi sak wayah-wayah, mboten peduli kito siap nopo mboten. Milo soko niku, monggo kito nanggleti awak kito piyambak-piyambak. Nopo pun siap kito menghadapi ajal meniko? Nopo ibadah kito pun cekap yen sak wayah-wayah dipun pundut dining Allah. SWT. Menawi jawabanipun dereng, monggo kita sareng-sareng ningkataken ibadah ing ngarsane Allah SWT. Ten setunggalipun hadits dipuncerita’aken:
جاء جبريل إلى النبي صلى الله عليه وسلم ، فقال : يا محمد، عش ما شئت فإنك ميت، واعمل ما شئت فإنك مُجزيٌ به وأحبب مَنْ شئت فإنك مُفارقُهُ
Jibril ndugi maring Nabi saw, lajeng dawuh: “He.. Muhammad, uripo sak senenge atimu, mongko saktemene siro bakal mati, lan berbuato opo wae sing siro karepi, mongko saktemene siro pasti bakal oleh walesan saking amal iku, lan senengono sopo wae sing siro karepi, mongko saktemene siro pasti bakal berpisah karo wong iku (HR.Thabrani)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kematian meniko pasti, nanging prosese tiang sedo meniko macem-macem nalikane menghadapi sakaratul maut, wonten ingkang gampang, lan wonten ingkang ewet.
Ing ten setunggalipun hadits, Rasulullah SAW. Dawuh bilih nalikane ajal’e setunggalipun tiang sampun ndugi, mongko malaikat mlebet dateng badanipun melalui lubang-lubang alit. Lajeng malaikat meniko narik rohipun ndugi telapak kakinipun ngantos lutut. Lajeng, ndugi maleh malaikat ingkang narik rohipun ndugi lutut ngantos madaran. Sak lajengipun, ndugi maleh malaikat ingkang narik rohipun ndugi madaran ngantos dodo. Lan terakhir malaikat narik rohipun saking dodoipun ngantos kerongkongan, lan niki ingkang dipun sebut NAZA’.
Rasulullah SAW. nglajengaken, yen tiang ingkang mengalami sakaratul maut meniko tiang sae, moko malaikat mbentangaken sayapipun ingkang tengen, lan tiang meniko saget ningali panggenanipun ten suwargo. Tiang meniko pun mboten saget mengenali keluarganipun keranten kiamba’e sampun rindu marang suwargone Allah SWT. Nanging, yen tiang meniko awon, malaikat bakal mbentangaken sayap kirinipun, lan tiang meniko bakal ningali panggenanipun ten neroko, sahinggo  Tiang meniko mboten saget mengenali tiang-tiang sekelilingipun keranten kiamba’e ajrih sanget marang neroko.  Na’udzubillahi min dzalik.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah, sakaratul maut meniko sakit sanget, milo soko niku, menjelang wafatipun, Rasulullah SAW. Nyuwun dateng Allah SAW.
اللهم هون علي فى سكرات الموت
Ingkang artosipun:
“Ya Allah, panjenengan ringanaken ing atase kulo sakite sakaratul maut”
Monggo do’a meniko kito amalaken, sahinggo Allah paring keringanan ing ndalem sakaratul maut kito mangke.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Khalifah Umar bin Abdlul Aziz ing ndalem suwijine dinten paring nasehat dateng sahabat-sahabatipun: Penjenenganipun ngendika:  nalikane panjenengan ngliwati kuburan, njenengan pirsani, koyok opo sempit’e omah-omah e wong kang wis mati iku,
-          Njenengan tangleti tiang-tiang ingkang sugih, kari sak pinten dunyane?
-          Njenengan tangleti tiang-tiang ingkang miskin, ten pundi kemiskinane?
-          Njenengan tangleti tiang-tiang ingkang pangkat, pundi sak niki pangkate?
-          Ten pundi kendaraan-kendaraan mahal ingkang sien dipun bangga-bangga’aken?
Tiang-tiang meniko sak mangke wonten panggenan ingkang sepi lan peteng, ingkang mboten wonten bedane antarane awan kale bengi. Nanging, damel tiang-tiang ingkang rajin beribadah ikhlas kangge Allah SWT., lan berbuat baik marang tiang lintu, insyaallah tiang meniko pikantuk keni’matan ing dalem kuburipun, sehinggo Allah ndade’aken kuburanipun jembar lan padang.
Akhirul kalam, mugi-mugi Allah SWT tansah maringi rahmat lan kekuatan dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget ngatah-ngatahaken beribadah marang Allah, keranten sak temene “Addunya balaaghun ilal akhirah” ndunyo meniko jembatan menuju akhirat, lan akhiripun mugi-mugi kito sedoyo dipun paring KHUSNUL KHOTIMAH.

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ولكل أمة أجل فإذا جاء أجلهم لا يستأخرون ساعة ولا يستقدمون
 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. وقال الله تعالى فى كتابه الكريم:   اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: أَيْنَمَا تَكُونُوا يُدْرِكْكُمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِي بُرُوجٍ مُشَيَّدَةٍ

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور رحيم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء و البلاء والوباء والفحشاء وسوءَ الفتن ما ظهر منها و ما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.