الحمد لله الذي جعل شهر رمضان سيد الشهور، ضاعف فيه الحسنات والأجور. نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا ومِنْ سَيّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ وبارك عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ
وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
اما بعد, فيا ايا المسلمون, اوصيكم و نفسي بتقوى الله و فقد
فاز المتقون..لان قال
الله عزا وجلا
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ
مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً
كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ
إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا
قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ
وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, pertama, kulo
ngajak dateng penjenengan sedoyo lan khususipun awak kulo piyambak, ing ndalem
sepertiga terakhir bulan ramadhan meniko, monggo sami-sami ningkataken taqwa dumateng
Allah SWT. Nggeh menikoajrih dumateng Allah, امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT.
Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranten kalian taqwa meniko, insyaallah,
kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT., kados dawuihipun
Allah SWT,
اعوذ بالله من الشيطان
الرجيم: ] إن أكرمكم
عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang
paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro
kabeh
Ugi, jalaran saking
taqwa meniko, insyaallah Allah bade maringi rizki dateng kito sedoyo saking
dalan ingkang mboten disongko-songko, lan ndade’ake gampil urusan-urusan kito.
Dawuhe Allah SWT:
اعوذ بالله من الشيطان
الرجيم: ]وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل
لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ[
Ing ayat lintu:
]وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ
أَمْرِهِ يُسْرًا[
Artosipun:
Sapane wong kang
taqwa marang Allah SWT, mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan, lan
bakal ngawehi rizki soko arah kang ora den nyono-nyono.
Lan Sapane wong kang
taqwa marang Allah SWT, Allah bakal gawe kemudahan ing ndalem urusane.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Al
hamdulillah, kito sedoyo sampun ninda’aken ibadah shiyam meniko angsal telu
likur dinten. Kito sedoyo sak mangke sampun wonten ing sepertiga terakhir wulan
Ramadhan. Sapane tiang kang shiyam lan ninda’aken ibada ing lebetipun, Allah
bakal mbebasaken tiang meniko saking geni neroko. Rasulullah SAW. Dawuh.
وهو شهر أوله رحمة وأوسطه مغفرة وآخره عتق من النار
Artosipun: “Bulan Ramadhan, awalipun meniko rahmat,
tengah-tengahipun maghfirah utawi ampunan, lan akhiripun pembebasan saking geni
neroko.
Ummul Mu`minin ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha ngriwayataken bilih ing sepuluh hari
terakhir bulan Ramadhan, Nabi SAW senantiasa ningkatkan amal ibadahipun,
ngurip-nguripi malem ramadhan kelawan ibadah marang Allah SWT., lan ugi naliko
dalu nange’aken keluarganipun supados purun ngatah-ngatahaken ibadah marang
Allah SWT.
Peningkatan ibadah meniko mboten terbatas wonten ing ibadah tertentu mawon,
nanging meliputi sedoyo jenis ibadah kados shalat, maos al Quran, dzikir,
istighfar, shadaqah lan lintu-lintunipun. Naliko dalu, Nabi SAW. ugi nange’aken
keluarganipun supados purun ngatah-ngatahaken ibadah. Tujuanipun nggeh meniko
supados keluarganipun ugi pikantuk keberuntungan lan fadhilah kang ageng sanget
ing ndalem waktu-waktu ingkang mulyo meniko.
Nabi SAW. ugi ngatah-ngatahaken I’tikaf,
supados saget konsentrasi utawi beribadah lan taqorrub marang Allah kelawan
sa’estune. Keranten ing ndalem 10 hari terakhir bulan Ramadhan meniko, sangat
besar kemungkinan wontene Lailatul Qodar, nggeh meniko setunggalipun wengi sapane
tiang ingkang nglampai ibadah ing ndalem wengi meniko mongko, ibadahe luwih sae
katimbang 1000 bulan, kirang langkung 83 tahun.
Milo soko niku monggo netepaken ati, monggo
masang niat ngatah-ngatahaken ibadah ing sedoso akhir wulan romadhon meniko
supados kito pikantuk keutamaan Lailatul Qodar. Jalaran dereng mesti kito tasik
saget menangi wulan Romadhon tahun ngajeng. Rasulullah SAW. dawuh:
تَحَّرَوْا لَيْلَةَ
الْقَدْرِ فِي الْوِتْرِ مِنَ الْعَشْرِ الْأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ (متفق عليه)
Artosipun: “Siro kabeh podo ngenteni
Lailatul Qodar saking sepuluh kang akhir saking wulan Romadhon”
Poro sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Di samping lailatul qodar meniko, wonten
malih perkawis ingkang perlu kito perhatosaken, nggeh meniko ngedalaken Zakat
Fitrah. Ngedalaken zakat Fitrah meniko hukumipun wajib kangge tiap-tiap muslim,
kangge tiang jaler lan tiang estri, kangge lare alit lan tiang dewasa, ingkang
anggadahi kelebihan biaya hidup ing dinten Hari Raya Idul Fitri lan dhalune.
Allah SWT dawuh:
وأقيموا
الصلاة وآتوا الزكاة واركعوا مع الراكعين
Artosipun: Siro kabeh jumenengono sholat,
mbayaro zakat, lan ruku’o marang wong kang podo ruku’.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hikmah zakat fitrah meniko katah sanget,
baik ditingali saking sisi spiritual maupun sosial.
Pertama:
Dipirsani saking sisi spiritual utawi
keagamaan, Zakat meniko saget mengantarkan ibadah shiyam kito sedoyo marang
Allah SWT. Keranten Ibada shiyam Romadhon meniko mboten saget nyampe marang
Allah SWT, sak derenge Zakat Fitri dipunbayar.
Zakat meniko ugi saget membersihakn awak
kito saking perbuatan-perbuatan lan ucapan-ucapan kang mboten sae sak mantune
wulan Romadhon. Allah SWT dawuh:
خذ من
أموالهم صدقة تطهرهم وتزكيهم بها وصل عليهم إن صلاتك سكن لهم والله سميع عليم ( 103 )
Artosipun: Ambillah zakat dari sebagian harta mereka, dengan zakat
itu kamu membersihkan dan mensucikan mereka dan mendoalah untuk mereka.
Sesungguhnya doa kamu itu (menjadi) ketenteraman jiwa bagi mereka. Dan Allah
Maha Mendengar lagi Maha Mengetahui.
Tegese: Zakat meniko saget mbersihaken
muzakki utawi tiang ingkang ngedalaken zakat saking sifat kikir lan cinta
berlebihan marang harta benda. Hal meniko penting sanget keranten Rasulullah
SAW. dawuh:
حب الدنيا رأس كل خطيئة
Artosipun: seneng berlebihan marang ndunyo
iku pokok saking sekabehane ke’elekan
Disamping niku, zakat meniko saget
menyuburkan sifat-sifat kebagusan ing ndalem manah kito sedoyo, lan ugi harta
ingkang dizakati meniko mboten berkurang barang sekedik, nanging Allah SWT
bakal nambahi rizki marang tiang ingkang purun mbayar zakat.
Nomer kale:
Dipirsani saking sisi sosial, kelawan zakat
meniko, kito saget maringi bantuan kangge tiang-tiang faqir lan miskin. Lan
niki sampun termasuk dados kewajiban kito sedoyo. Allah SWT dawuh:
وفي
أموالهم حق للسائل والمحروم (الذاريات: 19)
Artosipun: Dan pada harta-harta mereka ada hak untuk orang miskin yang meminta
dan orang miskin yang tidak mendapat bagian / tidak meminta-minta.
Zakat ingkang dipun saluraken ten
tiang-tiang faqir lan miskin meniko saget ndamel tiang-tiang meniko bungah
menyambut Idul Fitri.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Zakat
Fitrah meniko wajib dipundalaken kalian beberapa syarat-syarat
1. Islam. Keranten itu Zakat Fitrah meniko mboten diwajibakan ing atase tiang non-muslim.
1. Islam. Keranten itu Zakat Fitrah meniko mboten diwajibakan ing atase tiang non-muslim.
2. Tasik
gesang ing ndalem sebagian bulan Ramadlan
3. Nggadahi
kelebihan biaya hidup kangge awakipun piyambak lan tiang ingkang dipun
nafkahi damel Hari raya Fitri dan dalunipun. Milo soko niku, tiang faqir lan
miskin meniko nggeh nggadahi kewajiban ngedaleken zakat yen kiamba’ipun tasik
nggadahi kelebihan biaya hidup kangge sehari semalam dinten riyaden Fitri.
Milo soko niku, monggo kito sami ngedaleken zakat
Fitrah, supados ibadah shiyam kito saget sempurna, kito saget mbersihaken jiwa
lan harta kito sedoyo, lan ugi saget membantu tiang faqir, miskin, anak-anak
yatim lan tiang ingkang mbutuhaken.
Mekaten khutbah ingkang saget kulo aturaken
mugi-mugi saget paring guno lan manfaat kangge kito sedoyo. Akhirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi
rahmat, taufiq, hidayah lan kekuatan kangge kito sedoyo, sahinggo kito saget ngatah-ngatahaken
beribadah marang Allah SWT ing sepertiga terakhir bulan Ramadhan meniko. Lan
mugi-mugi Allah SWT. nerami, sholat kito, shiyam kito, zakat kito, lan sedoyo amal ibadah kito ing ndalem
wulan Romadhon.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: يا أيها الذين آمنوا كتب عليكم الصيام
كما كتب على الذين من قبلكم لعلكم تتقون
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه
من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
اَلْحَمْدُ لله
حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ
لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ
وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى
سيدنا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا
عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله, اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا واعلموا ان الله
يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور رحيم.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ
سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ
كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى
الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ,
والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ,
اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ,
اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ,
وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ
اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا
اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ
ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم
ادفع عنا الغلاء و البلاء والوباء والفحشاء وسوءَ الفتن ما ظهر منها و ما بطن عن
بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا
اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ
النَّارِ.
عِبَادَ
الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى
الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ
لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ
اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
izin copas ustadz
ReplyDeleteijin copas ust
ReplyDelete