إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ
مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ
وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا
اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ
الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ
مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ
بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا
اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزًا عَظِيْمًا،
وقال تعال: لَقَدْ
كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ
وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
أَمّا بَعْدُ …
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae
maniko, monggo kito ngajak dateng awa’ipun kulo lan panjenegan piyambank-piyambak,
kersoho sami netepi iman lan Islam, serto monggo senantiasa ningkataken taqwa. Nggeh
meniko, امتثال اوامر الله واجتناب
نواهيه على علم وبصيرة,
nggeh meniko ndereki sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo
awisan-awisanipun ngangge ilmu pengetahuna agami. Supados kulo lan panjenengan
sedoyo sageto pikantuk kawilujengan ing ndunyo ingkang sementara meniko lan khususipun
ing akhirat, ingkang merupakan دار القرار, nggeh meniko panggenan ingkang abadi.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillah tahun meniko kito
sedoyo tasik saget manggihi wulan Rabii’ul Awwal utawi Maulud. Wulan Rabii’ul
Awwal meniko klebet wulan ingkang nggadahi sejarah besar kangge dunia umumipun,
lan kangge kito umat Islam khususipun, Inggih meniko dinten kelahirane Rasulullah
Muhammad SAW., ingkang sampun kulo lan panjenengan sedoyo peringati kaleh
dinten ingkang kepengker.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kenging nopo kito sedoyo perlu
memperingati dinten kelahiranipun Rasulullah Muhammad SAW? Keranten
kelahiranipun Rasulullah SAW meniko merupakan rahmat ingkang ageng sanget kangge
umat manusia. Kados dawuihipun Allah SWT ing dalem kitab suci Al Qur’an:
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ (الانبياء: 107)
Ingkang jawinipun: Lan ora ngutus
ingsun Allah siro Muhammad, kejobo dadi rahmat kanggo alam semesta.
Ing setunggalipun hadits ugi
didawuhaken:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ , قَالَ : قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
: " يَأَيُّهَا
النَّاسُ إِنَّمَا أَنَا رَحْمَةٌ مُهْدَاةٌ
Ingkang jawinipun: He..poro
menungso, sak temene aku Muhammad iku rahmat ingkang dihadiahno dateng siro
kabeh.
Tegesipun, Rasulullah Muhammad SAW
lahir kangge nyampe’aken risalah saking Allah SWT. Supadoso kito sageto dados
umat ingkang sak sae-saenipun ummat. Ummat ingkang nggadahi budi pekerti utawi
akhlaq ingkang luhur. Keranten diutusipun Rasulullah SAW meniko kangge mbagusi
akhlake menungso. Supados kito saget mbagusi aklhaq kito dateng Allah SWT lan
dateng sesami menungso. Dawuhipun Rasulullah SAW:
إنما بعثت لأتمم
مكارم الأخلاق (روه احمد)
Ingkang jawinipu: Sak temene ingsun
Muhammad diutus kanggo nyempurnakno akhlaq-akhlaq kang mulyo.
Ma’asyiral
muslimin rahimakumullah,
Maulid Nabi Muhammad SAW meniko dipunperingati kalian sebagian besar kaum
muslimin ten berbagai negara. Tujuanipun mboten sanes supados kito sedoyo sageto neladhani akhlaqipun
Rasulullah SAW. Acara-acara mauludan meniko, pun didadosaki namung rutinitas,
utawi acara seremonial mawon. Nanging, sebagai momen kangge mengevaluasi diri
kito piyambak-piyambak, sejauh pundi kulo lan panjenengan sedoyo nyontoh
akhlaqipun Rasulullah SAW. Keranten ing ndalem diri Rasulullah meniko terdapat
akhlaq ingkang agung, lan ugi terdapat uswatun hasanah utawi suri tauladan
ingkang sae. Menawi kulo lan panjenegan sedoyo saget nyontoh, insyaallah kulo
lan panjenengan sedoyo saget pikantuk kawilujengan lan syafa’atipun Rasullullah
SAW mangke ten dnten qiyamah. Allah SWT dawuh:
وإنك لعلى خلق عظيم (القلم: 4)
Ingkang jawinipun: Lan temen-temen siro Muhammad andueni akhlak kang agung.
وقال ايضا: لقد كان لكم في رسول الله أسوة
حسنة لمن كان يرجو الله واليوم الآخر (الاحزاب)
Ingkang jawinipun:
Temen wis ono ing ndalem diri Rasulullah iku
contong kang apik kanggo siro kabeh, yo iku wong-wing ingkang mengharap (rahmat
e) Gusti Allah lan tekane dino Akhir, lan ngakeh-ngakehno nyebut asmane Gusti
Allah.
Ma’asyiral
muslimin rahimakumullah,
Diantara akhlaqipun Rasulullah SAW nggeh
meniko, Rasulullah SAW merupakan pribadi ingkang sanget welas terhadap tiang-tiang
faqir, miskin. Lan lare yatim. Rasulullah SAW meniko utawi dermawan. Naliko dipun suwuni, Rasulullah
SAW mboten nate nolak.
كَانَ
رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، أَجْوَدَ النَّاسِ……….فَلَرَسُولُ
اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، أَجْوَدُ بِالْخَيْرِ مِنْ
الرِّيحِ الْمُرْسَلَةِ (روه بخاري)
Ingkang jawinipun: Sak temene Rasulullah SAW iku pribadi kang paling
dermawan…..lan sak temene Rasulullah SAW iku pribadi ingkang paling demawan ing
atase sekabehane keapian ngluwihi angin kang mlakune gampang.
Sokomeniko, kulo ngajak dateng masyarakat Budug kini khusus e, monggo
kito teladani sifat dermawanipun Rasulullah SAW, keranten tasik katah sederek-sederek
kito ten Budug niki ingkang hidup di bawah garis kemiskinan, ingkang mboten
saget nyukupi kebutuhan pokokipun. Melalui
organisasi sosial kemasyarakatan kados BAZS Saliman utawi secara pribadi,
monggo kito bantu sederek-sederek kito ingkang mbutuhaken. Kangge membantu
sesama,mboten usah ngentosi panjenengan dados tiang ingkang sugih keranten
Rasulullah SAW meniko tiang ingkang paling sederhana, tetapi sifat
kedermawananipun luar biasa. Ingkang setunggalipun hadits dipun aturaken:
عَنْ أَبِيهِ
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهم عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
قَالَ مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ
إِلَّا عِزًّا وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلَّهِ إِلَّا رَفَعَهُ اللَّهُ
Ingkang jawinipun: Ora bakal berkurang bondo kang disodaqohno, wong kang
seneng ngawehi pangapuro moko bakal dimulyakno karo Gusti Allah, lan sapane
wong kang rendah hati, Allah bakal ngangkat derajate.
Ma’asyiral
muslimin rahimakumullah,
Terakhir kulo ngajak dateng diri kulo piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo
kito meningkataken rasa cinta marang SWT Allah kelawan ndereki sedoyo
perintahipun Rasulullah SAW.
قل إن كنتم
تحبون الله فاتبعوني يحببكم الله ويغفر لكم ذنوبكم والله غفور رحيم (ال عمران: 31)
Ingkang Jawinipun: Ucapno
"Yen siro kabeh temen-temen cinta
marang Allah, elokono aku Muhammad, niscaya Allah
yo bakal
ngasihi siro dan ngampuni dosa-dosa siro kabeh.Sak temene Gusti Allah Moho Pengampun Lan Moho Penyayang.
Lan monggo kulo lan panjenengan sedoyo, ngatah-ngatahaken maos sholawat
maring Kanjeng Nabi Muhammad SAW. kados ingkang dipun perintahaken Allah SWT:
إن الله
وملائكته يصلون على النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما
supados kito saget pikantuk syafaatipun Rasulullah SAW, lan
diselametaken Allah SWT saking berbagai bala’ lan musibah, mengingat sak meniko,
katah sanget musibah ingkang terjadi ten negeri kito Indonesia meniko, mulai saking
bencana alam hinggo kecelakaan alat transportasi.
وما كان الله
ليعذبهم وأنت فيهم وماكان الله معذبهم وهم يستغفرون (الانفال: 33)
Ingkang artosipun: Lan ora bakal Allah ngewehi azab yen siro Muhammad
ono ing tengah-tengahe wong-wong iku, Lan ora bakal Allah ngewehi azab kanggo
wong-wong iku yen wong-wong iku gelem moco istighfar.
Mugi-mugi kito sedoyo didadosaken tiang-tiang ingkan cinta marang Allah
lan kanjeng Nabi, lan saget meneladani akhlaqipun Rasulullah SAW, lan pikantuk
syafaatipun mangke ten dinten qiyamat.
اعوذ بالله
من الشيطان الرجيم: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ
لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات
والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
اَلْحَمْدُ
لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله
وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ
اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ
الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا
بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ
مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ
يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى
الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ
عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ
الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ
اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا
مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى
قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ.
رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ
اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً
وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ
الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ
الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا
الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ
لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ .
No comments:
Post a Comment