الحمد لله, الحمد لله الذي خلق الموت والحياة ليبلكم ايكم احسن عملا
وهو العزيز الغفور. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ
سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً
لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا أَيُّهَا الحاضرون، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن
الا و انتم مسلمون، وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, هو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ
وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ
ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko,
pertama, kulo senantiasa ngajak dateng penjenengan sedoyo lan khususipun awak
kulo piyambak, monggo sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT kelawan
sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah, امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT.
Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranteng kalian taqwa meniko, insyaallah,
kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT., kados dawuihipun
Allah SWT,
اعوذ بالله من الشيطان
الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong-wong kang paling mulyo
ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh
Ugi, jalaran kale taqwa meniko,
insyaallah Allah bade maringi rizki marang kito dateng kito sedoyo saking dalan
ingkang mboten disongko-songko, lan ndade’ake gampil urusan-urusan kito. Dawuhe
Allah SWT:
اعوذ بالله من الشيطان
الرجيم: ]وَمَن يَتَّقِ
اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ[
Artosipun:
Sapane wong kang taqwa marang Allah SWT,
mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan, lan bakal ngawehi rizki soko
arah kang ora den nyono-nyono.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Tiang gesang ing alam ndunyo meniko dipun milai
saking lahiripun tiang meniko ten alam ndunyo saking rahimipun ibu’e. Sak lajengipun,
sak mantune gesang ing ndalem waktu ingkang sampun dipun tentu’aken kalian gusti
Allah SWT., tiang meniko badhe manggihi setunggalipun peristiwa ingkang mboten
saget dihindari, nggeh meniko PATI. Allah SWT dawuh:
كُلُّ نَفْسٍ ذَآئِقَةُ الْمَوْتِ وَإِنَّمَا
تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ
وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلاَّ مَتَاعُ
الْغُرُورِ
Artosipun:
“Sakben-sakben kang ndueni jiwo bakal
ngerasakno mati, lan sak temene ing dino Qiyamat bakal den sempurna’no ganjaran
siro kabeh. Sapane wong kang den dohno saking geni neroko lan den lebokno
suwargo, moko wong iku temen-temen oleh kabejan, lan sak temene urip ing ndunyo
iki namung urip kang penuh tipu daya” (QS. Ali-Imran: 185)
Sebagai tiang ingkang nggadahi iman, nalikane menghayati
ayat meniko, mongko kito bakal ajrih, ati kito bakal gemeter. Tiang ingkang
supe saget kilingan, bilih kiambe’e pasti bakal menemui ajal, ingkang merupa’aken
awal perjalanan menuju alam akhirat. Rasulullah SAW. dawuh:
إِنَّ الْقَبْرَ أَوَّلُ مَنْزِلٍ مِنْ مَنَازِلِ
الْآخِرَةِ. فَإِنْ نَجَا مِنْهُ فَمَا بَعْدَهُ أَيْسَرُ
مِنْهُ. وَإِنْ لَمْ يَنْجُ مِنْهُ فَمَا بَعْدَهُ
أَشَدُّ مِنْهُ
Artosipun:
Kuburan meniko awalipun kehidupan akhirat. Sapane wong kang selamet
saking alam qubur, moko uripe sak wise iku dadi luwih gampang. Nanging, yen
dewek e ora iso selamet ing ndalem alam qubur, moko urip e bakal luwih
sengsoro.
Milo soko niku, ten setunggalipun hadits dipun
cerita’aken ingkang artosipun:
Rasulullah SAW. Dipun tanggleti “Ya Rasulallah,
sinten niku tiang ingkang paling cerdas lan paling mulio ing ngarsane Allah? Rasulullah
SAW. wangsuli: “Yo iku wong kang akeh-akeh iling marang mati lan wong kang
paling keras usaha e nyiapno awak e ngadhepi kematian. Wong-wong iku klebu wong
kang paling cerdas (HR. Ibn Majah).
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kematian meniko sesuatu hal ingkang ghoib, mboten wonten
setunggalipun tiang ingkang semerap kapan dewe’e bakal sowan dateng ngarsane
Allah SWT. kematian mboten mengenal usia nem utawi sepuh, tiang saras utawi
sakit, tiang sugih utawi miskin, tiang sae nopo awon, tiang kang ibadahe katah
nopo ibadahe kedhik, keranten kematian meniko dados rahasiaipun gusti Allah
SWT. Sampun katah contoh: tiang ingkang tasik nem sampun kapundut, lan katah
tiang kang umuripun sampun sepuuh tasik dipun paring sehat wal afiyat. Katah
tiang ingkang sampun diganjar sakit dangu tapi dereng dipundhut,
sebalikipun, ugi katah tiang ingkang
mboten mengalami sakit nopo-nopo, nanging sampun diaturi wangsul ing ngarsane
Allah SWT. Allah SWT dawuh:
ولكل أمة أجل فإذا جاء أجلهم لا يستأخرون ساعة ولا يستقدمون
Ingkang artosipun:
“Sakben-sakben umat anduweni ajal, nalikane ajale wong iku wis
teko, moko ora biso diundurno lan ora biso dimajuno barang sediluk.”
Artosipun, ajal meniko saget ndugi sak wayah-wayah, mboten peduli
kito siap nopo mboten. Milo soko niku, monggo kito nanggleti awak kito
piyambak-piyambak. Nopo pun siap kito menghadapi ajal meniko? Nopo ibadah kito
pun cekap yen sak wayah-wayah dipun pundut dining Allah. SWT. Menawi jawabanipun dereng, monggo kita sareng-sareng
ningkataken ibadah ing ngarsane Allah SWT. Ten setunggalipun hadits
dipuncerita’aken:
جاء جبريل إلى النبي صلى الله عليه وسلم ،
فقال : يا محمد، عش ما شئت فإنك ميت، واعمل ما شئت فإنك مُجزيٌ به
وأحبب مَنْ شئت فإنك مُفارقُهُ
Jibril ndugi maring Nabi saw,
lajeng dawuh: “He.. Muhammad,
uripo sak senenge atimu, mongko saktemene siro bakal mati, lan berbuato opo wae sing siro karepi, mongko saktemene siro pasti bakal oleh walesan saking amal iku, lan senengono sopo wae sing siro karepi, mongko saktemene siro pasti bakal berpisah karo wong iku (HR.Thabrani)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kematian meniko pasti, nanging prosese
tiang sedo meniko macem-macem nalikane menghadapi sakaratul maut, wonten
ingkang gampang, lan wonten ingkang ewet.
Ing ten setunggalipun hadits, Rasulullah
SAW. Dawuh bilih nalikane ajal’e setunggalipun tiang sampun ndugi, mongko
malaikat mlebet dateng badanipun melalui lubang-lubang alit. Lajeng malaikat
meniko narik rohipun ndugi telapak kakinipun ngantos lutut. Lajeng, ndugi maleh
malaikat ingkang narik rohipun ndugi lutut ngantos madaran. Sak lajengipun, ndugi
maleh malaikat ingkang narik rohipun ndugi madaran ngantos dodo. Lan terakhir malaikat narik
rohipun saking dodoipun ngantos kerongkongan, lan niki ingkang dipun sebut
NAZA’.
Rasulullah SAW. nglajengaken, yen tiang
ingkang mengalami sakaratul maut meniko tiang sae, moko malaikat mbentangaken
sayapipun ingkang tengen, lan tiang meniko saget ningali panggenanipun ten
suwargo. Tiang meniko pun mboten saget mengenali keluarganipun keranten
kiamba’e sampun rindu marang suwargone Allah SWT. Nanging, yen tiang meniko
awon, malaikat bakal mbentangaken sayap kirinipun, lan tiang meniko bakal ningali
panggenanipun ten neroko, sahinggo Tiang
meniko mboten saget mengenali tiang-tiang sekelilingipun keranten kiamba’e
ajrih sanget marang neroko. Na’udzubillahi
min dzalik.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
sakaratul maut meniko sakit sanget, milo soko niku, menjelang wafatipun,
Rasulullah SAW. Nyuwun dateng Allah SAW.
اللهم هون علي فى سكرات الموت
Ingkang artosipun:
“Ya Allah, panjenengan ringanaken ing
atase kulo sakite sakaratul maut”
Monggo do’a meniko kito amalaken,
sahinggo Allah paring keringanan ing ndalem sakaratul maut kito mangke.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Khalifah Umar bin Abdlul Aziz ing ndalem suwijine
dinten paring nasehat dateng sahabat-sahabatipun: Penjenenganipun ngendika: nalikane panjenengan ngliwati kuburan,
njenengan pirsani, koyok opo sempit’e omah-omah e wong kang wis mati iku,
-
Njenengan tangleti tiang-tiang ingkang sugih, kari sak pinten
dunyane?
-
Njenengan tangleti tiang-tiang ingkang miskin, ten pundi
kemiskinane?
-
Njenengan tangleti tiang-tiang ingkang pangkat, pundi sak niki
pangkate?
-
Ten pundi kendaraan-kendaraan mahal ingkang sien dipun
bangga-bangga’aken?
Tiang-tiang meniko sak mangke wonten
panggenan ingkang sepi lan peteng, ingkang mboten wonten bedane antarane awan
kale bengi. Nanging, damel tiang-tiang ingkang rajin beribadah ikhlas kangge
Allah SWT., lan berbuat baik marang tiang lintu, insyaallah tiang meniko
pikantuk keni’matan ing dalem kuburipun, sehinggo Allah ndade’aken kuburanipun
jembar lan padang.
Akhirul kalam, mugi-mugi Allah SWT tansah
maringi rahmat lan kekuatan dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget
ngatah-ngatahaken beribadah marang Allah, keranten sak temene “Addunya
balaaghun ilal akhirah” ndunyo meniko jembatan menuju akhirat, lan akhiripun mugi-mugi
kito sedoyo dipun paring KHUSNUL KHOTIMAH.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ولكل أمة أجل فإذا جاء أجلهم لا يستأخرون ساعة ولا يستقدمون
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات
والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ.
اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا
لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ
حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ
سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. وقال الله تعالى فى كتابه الكريم: اعوذ بالله من
الشيطان الرجيم: أَيْنَمَا تَكُونُوا يُدْرِكْكُمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِي
بُرُوجٍ مُشَيَّدَةٍ
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا
الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور رحيم.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ
سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ
اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ,
يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ
هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا
تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ
رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ
اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء و البلاء والوباء
والفحشاء وسوءَ الفتن ما ظهر منها و ما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر
بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ
فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ
بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ
الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ,
فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ
يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
Izin nukil khutbah Jum'at pak
ReplyDelete