Thursday 14 April 2016

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mencari Rizki yang Halal



إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا و مِنْ سَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
فيا ايا الناس اوصيكم نفسي بتقوى اللهو فقد فاز المتقون..لان قال الله عزا وجلا
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
وقال تعال:    يا أيها الناس كلوا مما في الأرض حلالا طيبا ولا تتبعوا خطوات الشيطان إنه لكم عدو مبين

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, pertama, kulo ngajak dateng penjenengan sedoyo lan khususipun awak kulo piyambak, monggo sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT. Nggeh menikoajrih dumateng Allah,  امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranteng kalian taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT., kados dawuihipun Allah SWT,
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh
Ugi, jalaran saking taqwa meniko, insyaallah Allah bade maringi rizki dateng kito sedoyo saking dalan ingkang mboten disongko-songko, lan ndade’ake gampil urusan-urusan kito. Dawuhe Allah SWT:
  اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ‏‏]وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ[
Ing ayat lintu:
]وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا[
Artosipun:
Sapane wong kang taqwa marang Allah SWT, mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan, lan bakal ngawehi rizki soko arah kang ora den nyono-nyono.
Lan Sapane wong kang taqwa marang Allah SWT, Allah bakal gawe kemudahan ing ndalem urusane.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Allah SWT. sampun nyipta’aken bumi lan sak isine meniko lan ndade’aken menungso khalifah ing atase bumi niki. Allah ugi sampun nyedia’aken kangge menungso sedoyo kebutuhanipun arupi tumbuh-tumbuhan, air, buah-buahan, lan sak lintu-lintunipun arupi rizki ingkang katah sanget. Ngantos yen kito sedoyo purun ngitung ni’mat ingkang sampun dipun paringi kalian Allah, kulo lan panjenengan sedoyo mboten bakal saget nyumerapi jumlahipun.
Nanging, perlu kito sadari bilih kito ugi nggadah kewajiban pados rizki ingkang halal, keranten rizki meniko mboten saget secara tiba-tiba kito peroleh, nanging kito kedah berusaha mencari rizki. Pados rizki ingkang halal meniko salah setunggalipun kewajiban kangge saben-saben tiang muslim, supados kelawan rizki ingkang halal meniko kito saget beribadah marang Allah SWT. Rasulullah SAW. Sampun dawuh:
" طَلَبُ الْحَلالِ وَاجِبٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ "(الطبراني)
Artosipun: nyuprih barang halal niku hukumipun wajib ing atase saben-saben tiang islam.
Saking hadits meniko, saget kito sumerapi bilih yen kito purun nyambut damel kangge pados rizki ingkang halal, insyaallah bade dicatet kalian Allah sebagai ibadah. Namung wonten beberapa syarat supados pekerjaan kito saget dipandang Allah kelawan kegiatan Ibadah ingkang nggadahi keuntungan dunia lan akhirat.
Ingkang pertama: Pekerjaan ingkang dilampahi meniko kedah halal lan sae.
Allah SWT. ugi sampun dawuh:
يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ وَاشْكُرُوا لِلَّهِ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ 
Artosipun: “hey wong-wong kang podo iman, mangano siro kabeh ing antarane rizki kang sae kang wes tak turunno marang siro kabeh, lan syukuro siro kabeh marang Allah, yen temen-temen siro kabeh nyembah marang Allah suwiji.
Ayat meniko nggadahi pengertian, bilih setiap muslim dipun perintahaken nedo saking barang kang halal, lan maringi nafkah ten keluarganipun saking barang kang halal, supados pekerjaan meniko saget ndugiaken kemaslahatan lan mboten menimbulkan kerusakan. Hal meniko saget dipun wujudaken naliko kito nglampahi pekerjaan ingkang dipun halalaken kalian Allah. Milo soko niku, tiang Islam dipun haramaken nglampahi pendamelan ingkang dipun haramaken kalian Allah. Diantaranipun pekerjaan ingkang dipunharamkan nggeh meniko, memproduksi lan menjual minuma keras lan jenis barang ingkang memabukkan, berjudi utawi pekerjaan ingkang mengandung unsur judi, togel, lan sak pinunggalanipun, riba, suap-menyuap, mencuri, merampok, menipu lan lan ugi mengadu binatang, kados adu ayam. Dipunsebutaken wonten ing salah setunggalipun hadits:
نَهَى رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَنِ التَّحْرِيشِ بَيْنَ الْبَهَائِمِ
ArtosipunL Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam melarang mengadu binatang. (HR. Abu Daud 2562, Turmudzi 1708, dan yang lainnya).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ingkang nomer kale: kito dipun perintaheken bekerja secara professional, jujur, lan penuh tanggung jawab.
Islam mboten mrintahaken umatipun kelawan sekedar bekerja, nanging ugi mendorong umatipun supados senantiasa bekerja kelawan sae lan penuh tanggungjawab.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh, ingkang artosipun sak temenne gusti Allah remen marang wong kang nalikane nyambut gae, dewe’e nyambut gawe kelawan apik.” (HR Baihaqi)
Nyambut damel kelawan professional, bertanggungjawab, lan jujur meniko katah sanget Umpamanipun. contonipun..kangge pedagang pun ngantos nyudo timbangan utawi nyudo takeran. Ingkang nyambut ten sabin, pun ngantos mboten nyambut nalikane mboten diawasi, ingkang nyambut damel ten lembaga-lembaga pemerintahan maupun swasta, pun ngantos katutan arto kang mboten halal utawi korupsi. Keranten kang kados mekaten meniko, ndadosaken penghasilan ingkang dipunperoleh mboten halal, lan mbesuk ten akhirat mangke kito bakal dipun suwuni pertanggungjawaban ing atase pekerjaan ingkang kito lampahi ten ndunyo. Kados sampun kito sedoyo sumerapi wonten ing salah setunggalipun hadits:
كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُوْلٌ عَنْ رَعيّتِهِ
Artosipun: saben-saben tiang niku dados pemimpin, lan bakal dipun suwuni pertanggungjawaban ing atasi kepemimpinane tiang niku

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ingkang nomer tigo, supados nyambut damel kito dinilai ibadah kalian Allah, kito kedah ikhlas nalikane nyambut damel.
Ikhlas nalikane nyambut damel nggeh meniko nggadahi niat nyambut damel kangge nyuprih ridhaipun Allah lan ibadah dateng Allah SWT. Naliko nyambut damel, niat meniko penting sanget. Bilih kito ngersa’aken nyambut damel kito dipuncatet kalian Allah kelawan ibadah, niat meniko kedah wonten ing manah kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo setiap tetes keringat nalikane nyambut damel, insyaallah, dipun pandang kalian Allah kelawan amal shalih lan ibadah. Dawuhe poro ulama wonten ing ndaleme kitab Ta’limul muta’allim dipun sebutaken:
كم من عمل يتصور بصورة اعمال الدنيا ويصير بحسن النية من اعمال الاخرة
كم من عمل يتصور بصورة اعمال الاخرة ثم يصير من اعمال الدنيا بسوء النية

Artosipun: Katah sanget perbuatan ingkang arupi perbuatan ndunyo saget dados amalan akhirat kelawan sebab baguse niat, dan katah perbuatan ingkang arupi perbuatan akhirat nanging malah dados amalan ndunyo disebabaken awone niat.

Milo soko niko, pados nafkah meniko sejatosipun perbuatan ndunyo, nanging saget dados perbuatan akhirat kelawan sae ne niyat.  Milo sako niku, pun ngantos kito kehilangan niat sae wonten manah kito sedoyo, supados pekerjaan kito dipun nalai kalian Allah SWT kelawan ibadah.

Ingkang terakhir: naliko nyambut damel pun ngantos nglale’aken kewajiban marang Allah.
Nalikane kulo lan panjenengan sedoyo sibuk nyambut damel, pun ngantos kito supe lan melalaikan kewajiban marang Allah. Misalipun: shalat. Shalat 5 wekdal meniko merupakan kewajiban pokok ingkang kedah dipun laksana’ken oleh setiap muslim, milo soko niku, pun ngantos kesibukan bekerja dalam rangka mencari karunia Allah meniko ndadosaken kito ninggalaken shalat, ugi kewajiban lintu kados zakat, shiyam, lan sak pinunggalanipun.

khirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi rahmat, taufiq, hidayah lan kekuatan dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pados nyuprih rizki ingkang halal, lan dipuntebihaken saking barang ingkang haram, sehinggo kito saget pikantuk riddhaipun Allah ing ndunyo ngantos akhirat.

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: ﻴٰﺎ َﻴُّﻬَﺎﺍﻠّﺬِﻴْﻦَ ﺍٰﻤَﻨُﻭﺍ ﻻَﺘﺄﻜُﻠﻭﺍ ﺍَﻤْﻮَﺍﻠَﻜُﻢْ ﺒَﻴْﻨَﻜُﻢ ﺒِﺎ ﻠْﺒَﺎﻄِﻞِ ﺍِﻻﱠ ﺃﻦْ ﺘَﻜُﻮﻦَ ﺘِﺠَﺎﺮَﺓً ﻋَﻦْ ﺘَﺮَﺍﺾٍ ﻤِّﻧْﻜﻢْ ۚ
ﻮَﻻَﺘَﻘﺘﻠﻮﺍ ﺃﻧﻔﺴﻜﻢۚ ﺇﻦﺍﷲ ﻜﺎﻦﺑﻜﻢ ﺮﺤﻴﻤﺎ۝
 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah ke-2

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ التوابين ويحب المتطهرين ويحب المحسنين. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء و البلاء والوباء والفحشاء وسوءَ الفتن ما ظهر منها و ما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

No comments:

Post a Comment