الحمد لله,
الحمد لله الذي خلق الموت والحياة ليبلكم ايكم احسن عملا وهو العزيز الغفور.
اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً
تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ ليتمم مكارم الاخلاق. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وباك عَلَى سيدنا
مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا
أَيُّهَا المسلم، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ و لا تموتن الا و انتم مسلمون،
وقال الله تعالى فى كتابه الكريم, وهو اصدق القائلين:
يَاأَيّهَا
الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ
أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ
فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, pertama, kulo senantiasa
ngajak dateng penjenengan sedoyo lan khususipun awak kulo piyambak, monggo
sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT kelawan sa’estu-estunipun taqwa.
Nggeh meniko ajrih dumateng Allah, امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه, nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan
nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranten kalian taqwa meniko, insyaallah, kito
saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah SWT., kados dawuihipun
Allah SWT,
اعوذ بالله من الشيطان
الرجيم: ] إن أكرمكم عند الله أتقاكم[
Sak temene wong kang paling mulyo ing ngarsane Allah yoiku
wong kang paling taqwa ing antarane siro kabeh
Ugi, jalaran taqwa meniko,
insyaallah Allah bade maringi rizki marang kito dateng kito sedoyo saking dalan
ingkang mboten disongko-songko, lan ndade’ake gampil urusan kito.
Dawuhe Allah SWT:
اعوذ بالله من الشيطان
الرجيم: ]وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ
لَا يَحْتَسِبُ[
Artosipun:
Sapane wong kang taqwa marang Allah
SWT, mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan ingkang gampang, lan bakal ngawehi rizki soko arah kang ora den songko-songko.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Agami Islam ingkang dipun turunaken dining
Allah kangge kito sedoyo meniko arupi agami ingkang sampun sempurno. Agami
Islam meniko sampun nggadahi tuntunan ingkang lengkap ing ndalem sedoyo urusan,
menawi ingkang gegayutan kelawan ibadah marang Allah, lan hubungan kale sesami
menungso. Syariat Islam meniko mboten namung ngajaraken kito iman utawi aqidah,
ibadah, lan muamalah ke mawon, nanging syariat Islam ugi sampun ngajaraken nilai-nilai
akhlaq ingkang sae.
Akhlak ingkang sae terhadap sesami menungso meniko katah sanget. Di antaranipun:
Nomer setunggal: Berlaku Jujur. Sifat jujur meniko merupakan sikap
ingkang mencerminkan kesesuaian antaranipun manah, lisan, lan perbuatan. Nopo
ingkang den ucapaken kedah sesuai marang nopo ing wonten ing ndalem manah. Nopo
ingkang dipun perbuat kedah sesuai kalian nopo ingkang sampun den ucapaken.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam dawuh:
عَلَيْكُمْ
بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِي إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِي
إِلَى الْجَنَّةِ
Artosipun “moko berlakuo jujur siro kabeh, sak temene sifat jujur iku
iso nggowo maring kebajikan, lan kebajikan iku iso nduduhno marang suwargo.
Rasulullah Muhammad SAW meniko tiang ingkang jujur, sahinggo dipun
paring gelar al-amin, utawi tiang ingkang saget dipercados.
Hikmah kangge tiang jujur nggeh meniko, tiang ingkang berlaku jujur
meniko atine tenang, mboten was-was. Lan kiyambak e gampang pikantuk
kepercayaan saking tiang lintu.
Lawan kata sifat jujur meniko sifat goro
utawi berbohong. Tiang inkang senengane mbuju’i meniko klebet cirri-cirine tiang
munafik, “wa idza hadatsa kadzaba” , nggeh meniko nalikane berbicara
kiambe’e berbohing. Rasulullah SAW
dawuh:
وان الكذب
يهدى الى القجور, وان الفجور يهدى الى
النار
Artosipun: “Sak temene sifat seneng mbuju’ iku nduduhno marang keelekan,
lan keelekan iku nduduhno marang neroko
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Akhlak ingkang sae terhadap sesami menungso nomer kale nggeh meniko
sifat tawadhu’
Tawadhu’ meniko sifat andap asor, rendah hati, mboten sombong utawi
takabbur ing atase kelebihan ingkang sampun dipun karunia aken dining Allah SWT
arupi harta, jabatan, gelar, pendidikan, kepinteran, lan lintu-lintunepun.
Allah ‘Azza wa Jalla dawuh:
…..وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِلْمُؤْمِنِينَ
“Lan andap asoro siro marang wong-wong kang
podo iman (QS. Al Hijr: 88)
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam ugi dawuh:
إِنَّ
اَللَّهَ أَوْحَى إِلَيَّ أَنْ تَوَاضَعُوا, حَتَّى لَا يَبْغِيَ أَحَدٌ عَلَى
أَحَدٍ, وَلَا يَفْخَرَ أَحَدٌ عَلَى أَحَدٍ (روه مسلم)
Artosipun: “Sak temene Allah SWT wis paring wahyu
marang aku (Muhammad) yento siro kabe podo andap asor, sahinggo ora ono suwiji wong kang nduweni sifat sombong lan angkuh marang
liyane”
Ing ndalem hadits lintu kanjeng Nabi ugi dawuh:
وَمَا
تَوَاضَعَ أحَدٌ للهِ إِلاَّ رَفَعَهُ اللهُ
Artosipun “Lan kanggo wong kang tawadhu’ utawi andap asor, Allah bakal
ngangkat drajat e”
Imam An-Nawawi njelasaken, bilih tiang ingkang andap asor utawi tawadhu meniko
bakal pikantuk drajat kemuliana wonten ing ndunyo lan ing akhirat.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah, lawan saking sifat tawadhu meniko
sifat sombong utawi takabbur. Rasulullah SAW maringi definisi sifat sombong ten
setunggali hadits:
الكبر: بطر
الحق وغمط الناس
Artosipun: “sifat sombong niku menolak barang ingkang bener lan
ngrendahaken tiang lintu”
Contoh sifat sombong meniko misalipun: ngeroso paling sugih, ngroso mboten
wonten tiang lintu ingkang nglebihi kesugihane. Ngeroso paling bener lan tiang
lintu mesti salah. Ngeroso paling pinter, lan mboten wonten tiang lintu kang
saget nandingi kepinterane. Padahal Allah SWT dawuh, wa fawqa kulli dzi ilmin
alim, lan ten nginggile tiang ingkang berpengetahuan, tasih wonten zat ingkang lebih
mengetahui, nggeh meniko Allah SWT.
Sifat sombong meniko klebet sifat ingkang berbahaya, keranten Rasulullah
SAW. dawuh:
لا يدخل
الجنة من كان في قلبه مثقالُ ذرة من كبر (راه مسلم)
Artosipun: “Mboten saget mblebet suwargo tiang ingkang ten lebet e atine
wonten sekedik mawon saking sifat
sombong”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Akhlak ingkang sae terhadap sesami nomer tigo nggeh meniko nduweni sifat
pangapuro, ingkang disebut dining Sayinina Ali karramallahu wajhah kalian al’afwu ‘indal ghadhab. Paring pangapuro meniko kadang mboten
gampang, luwih-luwih kangge tiang ingkang sampun nglarani manah kito. Milosoko
niku, Allah swt sampun maringi jaminan kangge sinten mawon ingkang
saget ngendali’aken emosi lan amarah ipun, mongko tiang niku bakal selamet saking sikso geni neraka
. Dipun
terangaken ing dalem setungglipun hadits:
مَنْ كَفَّ
غَضَبَهُ كَفَّ اللهُ عَنْهُ عَذَابَهُ
Artosipun: “ sapane wong kang iso ngendalikno amarah e, mongko Allah
bakal ngendalikno sikso e”
Allah ugi dawuh:
وَلْيَعْفُوا
وَلْيَصْفَحُوا ۗ أَلَا تُحِبُّونَ أَن يَغْفِرَ اللَّـهُ
لَكُمْ ۗوَاللَّـهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٢٢﴾
Artosipun: “Mongko supuroen sedulurmu, lan lapangno
dodomu. Opo siro kabeh ora geme yen Allah nyepuro marang duso-dusomu? Sak temene Allah iku zat kang moho nyepuro lan moho welas asih” (QS. An Nuur: 22)
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam dawuh:
وَمَا زَادَ
اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا
Artosipun: “Lan Allah
ora bakal
nambah marang wong kang seneng maring pangapuro kejobo nambahi kemuliaane,”.”
(HR. Muslim)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Mekaten khutbah ingkang saget kulo aturaken. Mugi-mugi ingkang sekedik
meniko saget paring guno lan manfaat kangge kito sedoyo. Akhirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi rahmat, taufiq,
hidayah lan kekuatan kangge kito
sedoyo, sahinggo kito saget nebihi sifat-sifat kang mboten sae, lan saget nggadahi
akhlak ingkang sae, sahinggo kito sedoyo saget pikantuk husnul khotimah.
عوذ بالله من الشيطان الرجيم: وَعِبَادُ
ٱلرَّحۡمَـٰنِ ٱلَّذِينَ يَمۡشُونَ عَلَى ٱلۡأَرۡضِ هَوۡنً۬ا وَإِذَا خَاطَبَهُمُ
ٱلۡجَـٰهِلُونَ قَالُواْ سَلَـٰمً۬ا
بارك الله لي
ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي
هذا واستغفر الله العظيم , إنه
هو الغفور الرحيم.
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا
اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ
كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ سيدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ
وَ خَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ
بَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان
الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ
سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ
كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى
الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين.
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ
لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى
قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ.
رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ
اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء, والبلاء, والوباء, والفحشاء, وسوءَ الفتن
ماظهر منها وما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا
رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ
حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ,
وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ
وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله
الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرُ.
izin kopas ustadz
ReplyDelete